Humor Suroboyoan: Gerbang Kuburan Angker

Badrun karo Koplak bengi-bengi
peteng ndedet nyolong jeruk neng
kebon, lagi oleh setengah  karung, ono
asu njegog lansung mlayu banter wedi
selak konangan.

Tekan ngarep Gerbang Kuburan
angker jeruke tibo ngglundung 2 tapi
ditinggal wae mergo kesusu arep
cepet-cepet ngumpet neng mburi
kijing timbang konangan.

Kendel tenan maling 2 iki….
Kiro2 wis aman, Badrun karo Koplak
wiwit bagi hasil..

“aku siji….kowe siji….aku siji..kowe
siji..aku siji..kowe siji….”

Ngono terus nganti ono wong liwat,
yoiku Si Karmin, kaget, mandeg
mrinding krungu swara aneh seko
njero kuburan angker……
“aku siji..kowe siji..aku siji..kowe
siji….”

Saking wedine Kamin mlayu marani
daleme pak kyai cedhak kono lan karo
ngos-ngosan pucet ndeprok dengkule
meh copot crito memedi suara neng
kuburan wingit mau.

Pak kyai penasaran, ngajak Karmin
ngindik neng ngarep Gerbang
Kuburan, ora wani mlebu. Karmin
gemeter gocekan sarunge pak kyai
seko mburi…

Seko jero kuburan tetep keprungu
swara

“Aku siji..kowe siji..aku siji..kowe
siji…”

Karmin: ” Pak kyai nopo niku swara
malaikat itung2an nyowo menungso
sing sampun dicabut ajeng dilaporke
dumateng gusti sing kuwaos pak
kyai ? Karmin takon bisik-bisik
gemeter keweden….

“Mbuh aku dewe ora paham” jawabe
pak kyai karo megeng napas…
Ora suwe ono swara maneh seko njero
kuburan..

“Iki wis rampung kabeh, saiki kari 2
neng ngarep Gerbang Kuburan kae
arep dijupuk sopo? Kowe opo aku??”
Pak Kyai lan Karmin: “WAAAAAAAA……
blaik tenaannn…..!!”

Njenggirat kaget saknaliko Pak Kyai
lan Karmin mlumpat kalen mbradat
mlayu keponthal-ponthal nganti
sandale keri…..lan sarunge mlorot…..

Previous
Next Post »
Posting Komentar
Thanks for your comment