Humor Suroboyoan: Launching Pesawat Suroboyo Air

PESAWAT SUROBOYO AIR


Baru saja di launching pesawat baru "SUROBOYO AIR" degan bahasa yang sangat nasionalis fanatik kedaerahan. mudah-mudahan bermanfaat ya.. heheh

Saat Pramugari, ngasih instruksi ke penumpang pesawat, beginilah jadinya :
"Reeek2 sing numpak montor muluk diluk maneh montor muluk iki mabur...
Sakdurunge, aku ambek pramugari liyane apene nduduhna cara2 ngadhepi keadaan darurat...
Klambi plembungan onok nang dlesepan ngisor lungguhan, dinggo lek montor muluk miber mandeg nang ndhukur segoro...
Carane jupuken klambi soko dlesepan terus enggoen, tariken taline lek wes ndhek njobone montor muluk cek klambine mblendhuk, cek koen gak klelep ben gak modar. Iling"en lho yo....ojok kliru.

Pipa karet ndhek dadamu sebulen ben lampune kelap kelip dadi isok didelok tekok kadohan.....
Klambi iku ojok mbok colong utowo mbok gawa balik, nek konangan isok tak tempilingi.....

Montor muluk iki onok enem lawange, loro ndhek ngarep, loro ndhek sewiwi, terus loro maneh ndhek mburi...

Sakben montor muluk kurang hawa gawe ambekan, engkok metu dewe masker oksigen tekok ndhukur ndasmu.

Lek maskere ceblok ndang enggoen jok kesuwen, trus ambekan kaya biasane ae, ojok gaya ngos-ngosan, engkok medeni liyane....

Sakmene sek woro-worone soko aku, lek kapene moco majalah mbek koran, iku onok ndhek dlesepan ngarepmu...

Lek kapene mutah, nggaweo plastik ndhek ngisor lungguhan, ojok mutah jombrot kabeh,  aku engkok sing repot ngresiki coek....

Wis yo, cangkemku wes pegel, muga2 slamet seger waras kabeh isok mudhun maneh.
Suwun yo rek.....".

Tolong forward ya cek slamet kabeh
Maaf yg nggak ngerti silahkan book next flightnya dengan Suroboyo Air ya, sluman slumun slamet
Previous
Next Post »
Posting Komentar
Thanks for your comment