Humor: Daun Pisang Buat Apa Lho Mbah?

Jika anda sedang suntuk, simaklah humor embah dan cucunya berikut ini. Kami jamin deh kalian akan terpingkal-pingkal membacanya. Cekidot. Langsung saja ya. LATIHAN SABAR..Terutama bagi yang akan/sudah di panggil "Embah"

Humor: Daun Pisang Buat Apa Lho?
Di suatu desa hiduplah seorang anak kecil yang masih duduk di bangku SD. Dia hidup bersama dengan neneknya, karena ayah dan ibunya bekerja di kota untuk memenuhi kebutuhan sehari-hari mereka. Kedua orang tuanya setiap sebulan sekali baru pulang ke desa untuk menjenguk dan memberikan uang untuk membayar sekolah.

Anak ini Keingin tahuannya sangat tinggi sekali, hingga dia kepingin tahu banyak hal yang dia ketahui dan rasakan. Hingga suatu ketika ada dialog seperti ini.

Putu : “Laopo sampean mbah? “
Simbah : “ Nggolek godhong gedhang le..”

Putu : “  godhong gedhang gawe opo mbah ?"
Simbah : “gawe bungkus lontong”

Putu : “lontong gawe opo mbah”
Simbah : “ mengko dipangan ambek opor”

Putu : “oooo sik mengko..  lha saiki laopo mbah?
Simbah : “nggolek godhong gedhang leee”

Putu : “gawe opo mbah? “
Simbah : “digawe bungkus lontong!! Khan maeng wis tak kandani leee!?!?!”

Putu : “Lontong digawe opo mbah?”
Simbah : “dipangan ambek opor leee, mosok digawe ganjel lawang??“

Putu : “Oh ngono yo mbah”
Simbah : “iyooo, wis kono lungo, ojo ngganggu aku!!!”

Putu : “opo’o mbah? “
Simbah : “kan aku akeh gawean saiki…!!!”

Putu : “gawean opo mbah…?”
Simbah : “ Maa syaa Allah....nggolek godhong gedhaaaang lee...!!!”

Putu : “godhong gedhang gawe opo mbah…?”
Simbah : “digawe lontoooong, ra krungu ta koen?????!! “

Putu : “Simbah ngomong ambek sopo…? “
Simbah :“ Astaghfirullah....ambek awakmu...tholeee....!!!

Putu : “lha lek ambek aku, laopo simbah bengok bengok? Aku kan nang kene ae”
Simbah : “matamu merem ta... !!! Soale koen bodho… gak ndelok ta aku lagi akeh gawean????!!!! “

Putu : “gawean opo mbah….? “
Simbah : “dengkulmu anjloogg!!!! Nggolek godhong gedhaaaang leee...!! “
/
Putu : “godhong gedhang gawe opo mbah…?”
Simbah : “ lambemu suwek...… digawe bungkus lontong, lontong yo dipangan leeeee!!!! “

Putu : “Kan nang omah ono sego?, opo’o simbah mangan lontong campur godhong gedhang mbah????”
Simbah : “putuku sing nggantheng ireng thuntheng koyok areng, koen dulin sing adoh lek perlu gak usah mbalek sak lawase!!!!!, engkok simbah bludregke kumat. Simbah lagi nyambut gawe saiki!!”

Putu : “opo’o koq bludreg mbah? Sakjane simbah nggolek godhong gedhang opo bludreg sih? Bludreg iku opo sih mbah? Isok digawe bungkus lontong ta…?“
simbah : “ya ampuun. ... le.. lee...!! Kok guoblok tenan koen..!!!! Kenthiiir!!!!“

Putu : “kenthir??? Simbah stress yo?? “
Simbah : “iyo Simbah stress..!. mumet ndasku ono awakmu ngganggu aku nyambut gawe!! “

Putu : “lek nyambut gawe nggolek godhong gedhang nggarai mumet…, laopo simbah sik tetep nggolek godhong gedhang??”
Simbah : “wis wis gak usah kakean cangkem!! Saiki minggato, muliho ae koen.!!!!“

Putu : “iyo mbah, aku moleh ae… simbah gak moleh pisan…??”
Simbah : “gak, aku sik akeh gawean “

Putu : “gawean opo mbah…?”
Simbah : “weduss...!!! takok maneh!!!!! nggolek godhong gedhang,..!!!!

Putu : "godhong gedhang gawe opo mbah,.?”
Simbah : “gawe njejeli lambemu...!!!!????

Putu : lha jarene maeng gawe bungkus lontong  mbah?
Simbah nggeblak kejet2 kenek stroke...

Santai sejenak
Previous
Next Post »
Posting Komentar
Thanks for your comment