wes pancen bener..
bondo dunyo, rupo, tahta, pangkat, derajat iku kagungane Seng Moho Kuoso kabeh mung titipan..
ojo leno.. ojo gumede.. ojo sembrono.. manungso ora ono seng sempurno..
ojo ngiro ketoke pinter lek rumongso pinter kui malah keblinger.. ibarato pari metu isine ndingkluk lakune..
urip iku kudu tanggap lan waskito, rupo, sawang sinawang ora keno digae patok an..
ayo konco ditoto lair batine golek kebecikan ben ditrimo Alloh panggonane bali..
ora enek wong tenguk2 entuk gethuk, kabeh kudu tandang lan dungo..
iku sejatine urip neng alam dunyo mung ujian..