Cerita Mukidi: Telfon Inem Salah Sambung Ternyata....

Mukidi : Wah bojoku malih Mokong rèk..!! Cepet..jukukno linggis nang cedak kono.

Inem : Mboten wonten Pak, niki entene Kayu palang ganjel lawang Pak..

Mukidi : Yo wis, saiki gebukno nang Gegeré Ibuk_e karo wong lanang iku ..!! Cepet yoo, penting iki.

Waahh bojo siji Mokong pisan..!!

Inem, langsung mlayu nang kamar, wong loro sing lagi omong-omongan nang njero kono, langsung di smash nganggo kayu ganjel lawang.

Blug..Blug..Ngek...Ngek..!! Rong gebukan, wis langsung semaput loro-loroné.

Terus Inem mbalik nang télpon.

Inem : Sampun pak, pun semaput sedaya tiyang é..!!

Mukidi : Bagus, mengko tak undakno bayaranmu. Saiki, kayuné buangen nang jendèlo mburi omah, iku langsung tibo mlebu kali.

Inem : Teng mburi mboten wonten jendèlo niku Pak..

Mukidi : Lho iki omah nang Jl. Cangkring gang papat kan..?

Inem : Sanès, niki griyone  teng Jalan Blimbing nomer Limo Pak_e...

Mukidi : Ohh... sepuroné - salah sambung lèk ngono..!

Wis Cepeet ndang minggato wae Nem..mumpung durung gègèr...!!!??
Previous
Next Post »
Posting Komentar
Thanks for your comment